bulan wengi iki
cahyane pecah sandhuwuring akasia
pangiraku,
bulan kuwi isih rembulan
dhek kala sliramu ing sisihku
netramu sing edum
nyimpen sih katresnan kang nandhes sajeroning ati
lan tan ono kandhege
dak sok banyu mili tresnaku kapisan
marang sliramu
dino-dino kebak kembang mlathi
rinonce dadi kalung putih
nanging lelakon wis cuthel
kesaput mendhung lan pedhut
Tidak ada komentar:
Posting Komentar